SEJARAH
SHOLAT
v Naliko isro’
Kanjeng Nabi ningali *
Wong ngepruk sirahe dewe bula-bali
v Ngepruk pulih-
ngepruk pulih sak teruse *
koyo ngono ora leren sak lawase
v Kanjeng Nabi
nuli matur lan ngendiko *
Kados pundi tingkahe tiyang puniko
v Malaikat Jibril
nuli jawab cwtho *
Puniko tepo tulodho lan sasmito
v Contonipun
tiyang kober waras gagah *
Ing sholate tansah keset ngroso wegah
v Maring sholat
sak geleme lan nggegampang *
krungu pengundange sholat malah nyimpang
SHOLAT DADI
SIRAHE KABEH AMAL
v Kanthi Isro’ mi’roj
kang dadi sejarah *
Inkang sarwo mengku pitutur wewarah
v Kito biso faham
lan nompo isyarah *
Yen ibadah sholat iku dadi sirah
v Sirah iku dadi
juz kang luwih mulyo *
Luwih luhur katimbang anggota liyo
v Sebab sirah
duwe rahi irung mripat *
Lisan kuping poco idro ingkang papat.
v Mulo rahi
minongko dadi imame *
Anggota liyane kang dadi ma’mume
v Kang dadi
dalile lamun arep wudhu *
Rahi dadi kawiitane masuh fardhu
v Pengucape tutuk
biso nuntun ati *
Maring ibadah kang wajib den niyati
v Rahi iku ugo
duwe sifat khusus *
Lamon wadon sifat ayu lanang bagus
v Ora ono wong
ngucap ayu dengkule *
Ora ono wong ngalem ayu wudele
v Rahi dadi pusat
penyawang sirah *
Rahi ayu kang podo dadi pengarah
v Sebab rahi dadi
sasarane moto *
Weruh rahi ayu biso thukul bronto
v Mulo wadon kang
rumongso den delengi *
Tansah ngelus elus rahi awan bengi
v Ngila-ngilo
pengilone ngarep mburi *
Setif lambe pupur wedak ora keri
v Olehe noto
gelung ora mung sedelo *
Lamon iseh menceng duwe roso gelo
v Tansah ngudi
lan gawe indahe rupo *
Supoyo di demeni sarto di tompo
v Yen rahine di
demeni sebab ayu *
Awak kabeh iku melu katut payu
SHOLAT IKU DADI KAWITANE LANDRAT
v Koyo iku dadi
tulodho sorahe *
v Tumrap ibadah
sholat dadi sirahe
v Kawitane hisab
landrat iku sholat *
v Dipun soal
mergo opo nganti telat
v Wongkang
nggegampang sarto rusak sholate *
v Bakal dadi abot
ing kabeh landrate
v Yen sholate
ketolak ora di tommpo *
v Kabeh ketolak
amal kang rupo-rupo
v Yen ketompo
bakal nompo ing ganjaran *
v Kekurangan
dingapuro ing Pengeran
SHOLAT
MADEP NENG PENGERAN
v Amal wajib
direkso dijogo *
v Lamun sholat
wajib tandang kang prayogo
v Sholat iku
madep ing ngarso Pengeran *
v Mulo kudu adab
sarto netepi aturan
v Kudu khusyu’
wedi ing lahir bathine *
v Kudu eling
ma’nane kabeh wacane
v Ojo nganti keno
redo keno goda *
v Wektu sholat
ngeling-eling bondo dunyo
v Perkoro dunyo
di tinggal babar pisan *
v Ojo eling yen
iseh ninggal tegesan
v Ojo mikir yen
lagi akeh butuhe *
v Ojo mikir
kinang lan gambir suruhe
v Kudu rumongso
yen Allah tansah ningali *
v Lahir bathin
dinilai lan den bijeni
v Syarat rukun
kabeh wajib den tetepi *
v Perkoro kang
wajib sunnah den lengkapi
v Sunnah iku
tumrap mangan koyo lawuh *
v Tambah seger
nganggo jangan kanti duduh
WAJIB NGAJI LAN MULANG BAB SHOLAT
v Lamun bodo
wajib ngaji nyuwun warah *
v Yen wus pinte
wajib mulang musyawarah
v Yen rumongso
Pengeran tansah ningali *
v Ora bosen ngaji
sholat bola-bali
v Sebab ngaji iku
dadi pengilone *
v Bener luput
bakal ngerti klakuane
v Koyo wongkang
ngilo ing koco gadahane *
v Supayane weruh
cacat ing sirahe
v Lamon ngilo
biso pupuran kang roto *
v Olehe gelung
biso luwes lan temoto
v
Tidak ada komentar:
Posting Komentar