Minggu, 25 November 2012

SYI'IRAN SHOLAT


SEJARAH SHOLAT
v  Naliko isro’ Kanjeng Nabi ningali *
Wong ngepruk sirahe dewe bula-bali
v  Ngepruk pulih- ngepruk pulih sak teruse *
koyo ngono ora leren sak lawase
v  Kanjeng Nabi nuli matur lan ngendiko *
Kados pundi tingkahe tiyang puniko
v  Malaikat Jibril nuli jawab cwtho *
Puniko tepo tulodho lan sasmito
v  Contonipun tiyang kober waras gagah *
Ing sholate tansah keset ngroso wegah
v  Maring sholat sak geleme lan nggegampang *
krungu pengundange sholat malah nyimpang

SHOLAT DADI SIRAHE KABEH AMAL
v  Kanthi Isro’ mi’roj kang dadi sejarah *
Inkang sarwo mengku pitutur wewarah
v  Kito biso faham lan nompo isyarah *
Yen ibadah sholat iku dadi sirah
v  Sirah iku dadi juz kang luwih mulyo *
Luwih luhur katimbang anggota liyo
v  Sebab sirah duwe rahi irung mripat  *
Lisan kuping poco idro ingkang papat.
v  Mulo rahi minongko dadi imame *
Anggota liyane kang dadi ma’mume
v  Kang dadi dalile lamun arep wudhu *
Rahi dadi kawiitane  masuh fardhu
v  Pengucape tutuk biso nuntun ati *
Maring ibadah kang wajib den niyati
 v  Rahi iku ugo duwe sifat khusus *
Lamon wadon sifat ayu lanang bagus
v  Ora ono wong ngucap ayu dengkule *
Ora ono wong ngalem ayu wudele
v  Rahi dadi pusat penyawang sirah *
Rahi ayu kang podo dadi pengarah
v  Sebab rahi dadi sasarane moto *
Weruh rahi ayu biso thukul bronto
v  Mulo wadon kang rumongso den delengi *
Tansah ngelus elus rahi awan bengi
v  Ngila-ngilo pengilone ngarep mburi *
Setif lambe pupur wedak ora keri
v  Olehe noto gelung ora mung sedelo *
Lamon iseh menceng duwe roso gelo
v  Tansah ngudi lan gawe indahe rupo *
Supoyo di demeni sarto di tompo
v  Yen rahine di demeni sebab ayu *
Awak kabeh iku melu katut payu

SHOLAT IKU DADI KAWITANE LANDRAT
v  Koyo iku dadi tulodho sorahe *
v  Tumrap ibadah sholat dadi sirahe
v  Kawitane hisab landrat iku sholat *
v  Dipun soal mergo opo nganti telat
v  Wongkang nggegampang sarto rusak sholate *
v  Bakal dadi abot ing kabeh landrate
v  Yen sholate ketolak ora di tommpo *
v  Kabeh ketolak amal kang rupo-rupo
v  Yen ketompo bakal nompo ing ganjaran *
v  Kekurangan dingapuro ing Pengeran

 SHOLAT MADEP NENG PENGERAN
v  Amal wajib direkso dijogo *
v  Lamun sholat wajib tandang kang prayogo
v  Sholat iku madep ing ngarso Pengeran *
v  Mulo kudu adab sarto netepi aturan
v  Kudu khusyu’ wedi ing lahir bathine *
v  Kudu eling ma’nane kabeh wacane
v  Ojo nganti keno redo keno goda *
v  Wektu sholat ngeling-eling bondo dunyo
v  Perkoro dunyo di tinggal babar pisan *
v  Ojo eling yen iseh ninggal tegesan
v  Ojo mikir yen lagi akeh butuhe *
v  Ojo mikir kinang lan gambir suruhe
v  Kudu rumongso yen Allah tansah ningali *
v  Lahir bathin dinilai lan den bijeni
v  Syarat rukun kabeh wajib den tetepi *
v  Perkoro kang wajib sunnah den lengkapi
v  Sunnah iku tumrap mangan koyo lawuh *
v  Tambah seger nganggo jangan kanti duduh

WAJIB NGAJI LAN MULANG BAB SHOLAT
v  Lamun bodo wajib ngaji nyuwun warah *
v  Yen wus pinte wajib mulang musyawarah
v  Yen rumongso Pengeran tansah ningali *
v  Ora bosen ngaji sholat bola-bali
v  Sebab ngaji iku dadi pengilone *
v  Bener luput bakal ngerti klakuane
v  Koyo wongkang ngilo ing koco gadahane *
v  Supayane weruh cacat ing sirahe
v  Lamon ngilo biso pupuran kang roto *
v  Olehe gelung biso luwes lan temoto
v   

Tidak ada komentar:

Posting Komentar